Minggu, 12 Agustus 2012

RASAH KEMAKI



RASAH KEMAKI

Reff :
Rasah kemaki 8x

(ROJOMOLO)
Wa wa wa wa waw bak buk ( prok crot )
Raimu  ( mlethot ) tak genjot moncrot-moncrot (crot-crot)
Wis dikandani ( rasah kemaki )
Karo TrahGali juk gelut diladeni
Ji do ji ( opo kroyokan )
Arep tangan kosong opo arep nggo gaman
Ora urusan arep koncomu akeh
Nganti glasaran tak rampungi kabeh

(STUPID DAD)
Polahmu ra kepenak aku isoh dadi galak
Nek kowe mencak-mencak
kowe bakal nguntal tungkak
( gaglak )
Opo kowe ameh nggendero ameh ngoho yo rapopo
Tak longgo tangan kiwo kowe genah kipo-kipo
Reneo (wanio) ameh ngoho (rasakno)
Mulo ojo sembrono yen TrahGali pun ngendiko

Reff : ….

(RASCAL VATAL)
Eling-eling cluritku titenono rupaku
Angkaran insung manjing sajroning clurit ingsun
Madhep mantep amathek aji ingsun
Sukmomu dhedhel dhuwel ngodhel-ngodhel ragamu ( gathel )
Yen siro ora neko-neko aku yo rapopo
TrahGali yo nrimo ra bakal dadi opo
Nanging awas siro ojo nganti mbalelo
Yen nganti neko-neko kowe ojo takon duso

(BANDAR JENAT)
Sumonggo-monggo ( kerso ) timbang atimu ( gelo )
Penjalukmu teng pundi kulo purun ngladeni
Pitu ping loro sama dengan pat belas
Kahanan sampun panas awas nyawamu bablas
TrahGali wonten mriki mboten ajeng ( ngguroni )
Mboten ajeng ( kemaki ) bebrayan nyolowadi
Pati rogo sukmo sejati
Ingkang sejati ( meniko namung Gusti )

Reff : ….

(TROJJAFOCKA)
Saiki jembengno parungonmu
Mundukno ndasmu nang ngarepku
Ojo kemaki yen wegah tak kepruk watu
Gawe masalah genah matamu tak gawe biru
Ora gor  ( cangkeman ) ora gor ( omongan )
Ora gor lempar batu sembunyi tangan
Moro ketemu gek kowe gelut karo aku
Yen kowe nyenggol rogomu tak bungkus mori
Eling – elingen kuwi yen kowe wegah ketemu pati

Gabrus gajul gaprak gaglak..ganyang 2x

Wanti-wanti ojo ( emosi )
Kabeh kui kudu ( ono bukti )
TrahGali ora arep ( kemaki )
Sing penting siji lan sijine podo ( ngerteni )

Outro...
Pring tumpuk tumpuk bumbung adah legen
Rasah kakehan uwuk mesti uripmu kajen
Pring tumpuk tumpuk bumbung adah legen
Kulino urip munduk mesti bakalan kajen

Tidak ada komentar:

Posting Komentar